animasi bergerak gif
body, a:hover {cursor: url(http://cur.cursors-4u.net/nature/nat-2/nat192.ani), url(http://cur.cursors-4u.net/nature/nat-2/nat192.png), progress !important;}Cute Rocking Baby Monkey
Cute Rocking Baby Monkey
divine-music.info
divine-music.info

divine-https://www.blogger.com/img/gl.quote.gifmusic.info
- See more at: http://www.komputerseo.com/2010/12/cara-memasang-gambar-animasi-lucu-di.html#sthash.5WNQIe5F.dpuf - See more at: http://www.komputerseo.com/2010/12/cara-memasang-gambar-animasi-lucu-di.html#sthash.x2vHhdEO.dpuf - See more at: http://www.komputerseo.com/2010/12/cara-memasang-gambar-animasi-lucu-di.html#sthash.mjU6Xbga.dpuf

Senin, 23 Februari 2015

Crita Cekak


Kadho Desember
Aku nyawang arlojiku jam papat sore luwih sepuluh menit. Hawane wiwit adhem. Maklum, wulan Desember asring udan. Rasane pirang – pirang dina iki, Mas Pri ajeg telat leh ngampiri aku mulih kantor. Kaya saiki, kanca – kanca kantorku wis padha resik, mulih kabeh , kari aku dikancani satpam kantor.
“ Sepurane, Yang! Ndadak ngompa ban barang iki mau. Suwe ya leh ngenteni?” kandhane Mas Pri nalika teka karo mbukak lawang sisih kiwa. Nyawang eseme aku dadi kudu njiwit lengene. Kok leh ora ngrasa salah iku lo.
“Yaw is, ayo! Liwat Jalan Pramuka ya, Mas, aku kepengin tuku gorengan,” kandhaku karo nutup lawang mobil.
“Gorengan? Yang, biyen jare ibune Ninik ya dodol gorengan lo. Ning sering rugine, merga yen bengi dijarah bocah mabuk. Saiki...,” mas Pri ora nerusake kandhane bareng ngerti aku mlengos nyawang njaba. Ninik maneh, Ninik maneh! Sapa ta dheweke kuwi, kok saiki rasane luwih penting tinimbang aku.
Aku noleh. Nyawang Mas Pri  saka iringan. Mas Pri mesem. Mripate tetep nyawang dalan ing ngarepe. Ngerti yen aku cemburu sajake.
“Ra sah curing, Yang! Dheweke dudu sapa – sapa, kok. Mengko apa kapan ngono sliramu rak kenal. Sok melua nyang lapangan ta, mengkok rak weruh.”
Rasane aku kepingin mithet  irunge. Mangkel aku! Genah  yen aku ora bisa main tenes kok dikon melu nang lapangan tenes. Apa mung arep dadi penonton, wong ora dhong pertandhingan. Karo maneh kok olehe perhatian banget kari si Ninik kuwi.
Mobil menggok liwat Jalan Pramuka. Aku kecelik. Bakule gorengan ora dodol. “ Mrana wae, wis!” Mas Pri mbandhangake mobile. Menggok nengen, terus bablas tekan Jalan Supriyadi. Mandheg pojok protelon, nggone bakul gorengan. Mas Pri mudhun.
“Ayo, Yang, iki ana werna – werna!” Aku melu mudhun. Ngungak bakule, kok ora ana?
“endi bakule, Mas?”
“ninik...” Mas Pri mbengok. Ana sirah mencunggul saka ngisor meja. Sirahe bocah wadon umur sangang taunan. Mripate sing bening nyawang Mas Pri, banjur mlengeh amba.
“E, Bapak! Mundhut napa, Pak?”
“o, Mbak Puji taksih tumbas lisah. Pinarak Pak, Bu!”
O, dadi iki ta Ninik kuwi. Bocah wadon kuru, ning mripate bening, tandange kesit. Tiwas aku cemburu. Untung aku mau durung nganti muni sing ora – ora marang sisihanku kinasih iki.
“kok kenal, Mas?” pitakonku rong dina candhake, nalika lungguhan wong loro. Pancen wong loro. Awit anggonku omah – omah pancene durung duwe momongan.
“Ninik ta, Yang?” pitakone Mas Pri renyah. Katon sinar mripate mesem. Aku melu mesem. Emoh gawe gela atine sing lagi katon seneng, senajan atiku ora pati seneng.
Manut critane Mas Pri, Ninik kuwi bocah wadon sing lincah. Tunggale lima. Ninik sing nomer papat. Ditinggal mati ibune nalika umur pitung taun. Maune ibune dodolan gorengan, dene bapake mbecak.
“Piye umpama Ninik digawa mrene, Yang?” pitakone Mas Pri nganetake aku.
“Digawa mrene, kersane piye ta, Mas?”
“Digawa mrene. Manggon ana omah kene. Rak isih amba ta, Yng, omah iki yen mung ketambahan batih siji wae,” kandhane entheng. Apa kupingku sing salah ya? Gekna yen dhong ketekan ponakanku apa dene ponakane Mas Pri ngana kae, Mas Pri nate kewektu yen omah iki dadi sumpeg. La kok saiki enak waearep ngajak wong liya manggon ana kene.
“ mas, Ninik kuwi rak bocah ta?”
Mas Pri ngguyu karo ngrangkul guluku.
“bocah, calone wong diwasa. Yen tikus aku ya emoh ta, Yang! Ndhak ngregedi omah!”
“ya merga bocah kuwi, ora gampang – gampang nggawa. Sapa sing arep ngopeni? Aku apadene njenengan bali kantor mesthi wis sore. Pembantu awake dhewe ora duwe. Apa ora malah mesakake?” kandhaku tak ati – ati supaya sisihanku kinasih iki ora kesinggung atine.
“Ning apa ora malah mesakake yen awakw dhewe ora mbantu, Yang?”
“Iya. Ning mbantu rak ora kudu nggawa bocahe mrene ta, Mas.”
Nanik, bocah wadon umur sangang taun kuwi dikenal Mas Pri ana lapangan tenes. Maune sering melu kangmase sing dadi bayongan, buruh njupuki bola tenes. Suwe – suwe penggaweyane kuwi Ninik dhewe sing ngenyangi bareng kangmase melu simbahe ana liya kutha saperlu nerusake sekolah. Kiraku, Mas Pri trenyuh nyawang bocah wadon cilik kuwi wis kudu golek dhuwit dhewe. Apa maneh Ninik siji – sijine bocah wadon sing dadi bayongan ana lapangan tenes kono.
“Yang, aku oleh tugas menyang Lampung seminggu lo,” kandhane Mas Pri nalika mapag aku mulih saka kantor, “Sliramu piye? Wani tak tinggal seminggu ijen?”
”Seminggu? Apa ora kena ditunda ta, mas?”
“katone ora bisa, taun baru mengko kantor cabang sing ana Lampung kudu wis diresmeke. Jane Mas Tito sing kudu budhal. Ning wong garwane babaran, terus aku karo Didit sing ditugasi budhal.”
“terus Natal rak wis na ndalem ta?”
“Muga – muga wae kabeh ora mleset saka rencana. Tenan, sliramu ora apa – apa tak tinggal? Yen butuh kanca Ninik rak bisa ngancani. Piye, Yang?”
La, rak tenen. Ninik maneh.
“walah Mas, ora apa – apa. Wong pancen tugas. Karo maneh na kompleks perumahan iki rak ya akeh uwong, sasat ora nate sepi. Aman, wong satpam ya siap 24 jam. Ra sah kuatir...”
“Tenan? Yen ngono aku isa tenang ninggal omah.”
Seminggu, kamangka iki isih mlaku telung dina. Ora dak selaki, yen omah rasane sepi. Wong loro wae sok krasa sepi, apa maneh saiki kari aku ijen. Sok tengah aku nglilir. Nggetuni awakku, dene wis meh limang taun olehku omah – omah meksa durung duwe momongan.
“tenang wae, yang ,” kandhane Mas Pri saben – saben aku ngrembug bab iki. “Awake dhewe wis ora kurang olehe usaha. Nyatane asil pemerisaan dokter ora ana masalah, ora ana kekurangan. Nunggu wektu wae. Tentremna atimu. Ora ana sing salah kok...”
Natal saya cedhak. Manut rencana tugase Mas Pri rampung tanggal 23 Desember. Ategese yen bisa cepet, tanggal 25 Desember wis bisa ana ngomah maneh. Lan iku isih telung dina maneh. Ora ana Mas Pri, aku ngrasakake repot mapag tekane dina natal kuwi.
Minggu esuk, rong dina sadurunge natal, durung nganti aku ninggalake plataran greja, mendhung sing kawit esuk kandhel, wiwit grogog. Ceblokk dadi udan grimis riwis – riwis sing saya suwe saya deres. Netesi lemah, wit – witan, lan gegodhongan. Yen nekad mlaku menyang nggon parkiran, genah yen teles kebes tenan, wong aku ora nggawa paying. Sidane aku kepeksa ngeyup ana plataran greja karo wong – wong liyane sing mentas melu misa.
Durung nganti udane terang. HP- ku muni. Keprungu suarane Mas Pri saka sabrang kana.
Dheweke kandha yen tugase wis rampung. Ning emane saiki isih durung bisa bali merga jadwal penerbangan dituda.
“Sabar ya, Yang! Kene udan deres saben dina. Pirang – pirang dina uga jadwal penerbangan ditunda, malah ana sing dibatalake amarga cuaca buruk. Iki lagi ana ngendi.”
“Lagi na plataran greja. Ngeyup Mas, wong udan.”
“Ning pesenanku ora lali ta, Yang?”
“Apa ya, Mas?”
Keprungu guyune Mas Pri. Ah, rasane kangen banget aku.
“Lali apa nglali? Wingi sadurunge budhal aku rak pesen pensil warna lan sepatu kanggo Ninik ta, Yang? Sliramu mesthi pinter milihke. Aja lali dibungkus sisan ya, Yang. Piya? Kreasi bungkusanmu mesthi apik...”
Aku unjal ambegan. Kebangeten kok Mas Pri kuwi. Kok isa – isane terus eling karo Ninik. Kamangka ponakan – ponakan Mas Pri, uga ponakanku rak ya ana. Adate aku wong loro nyiapake kadho – kadho kanggo keponakan – keponakanku kuwi. Saiki kok Mas Pri malah wis ora eling karo bocah –bocah kuwi sawise kenal Ninik.
“Iya – iya, Mas. Bubar iki mengko tak tukoke. Eh, ora mesisan rok, tas sepedha...” kandhaku nglulu.
Mas Pri ngguyu maneh. Renyah banget.
“Ah, aja guyon! Ning bener kok Yang, kandhamu. Yen ditambah rok ngono dheweke rak luwih seneng, ya?”
“Ya mesthi wae ta, Mas! Sapa arep mulak hadhiah? Aku ya gelem kok,” rada mangkel aku. Adoh – adoh saka Lampung kok mung repot karo Ninik.
“Ha, ha,ha, makasih, Sayang! Wis pokoke sliramu sisihanku sing paling, paling ora ana tandhinge. Dongakna cuaca cepet membaik ya, dadi aku enggal bisa bali sesuk.
Kepeksa, bubar saka greja aku bablas menyang toko nggolekake welingane Mas Prim au. Pensil warna lan sepatu. Lan nalika aku mampir toko pakeyan saperlu tuku blus, tanpa sengajamripatku nyawang rok biru cemanthel ana etalase. Manis banget. Rok mekrok sing kebak rimpel ana pundhak, lengen, lan sebagian dhadhane. Yen digawe Ninik sajake kok pas. Bocah kuwi mesthi katon ayu... lan embuh kena daya apa, rok iku tak tuku ngono wae.
Sorene, kebeneran, ibune Mas Pri tilpun aku. Kebeneran, aku ana kesempatan madulake Mas Pri sing terus mikir Ninik, nganti aku uga Mas Pri nganti durung sempat nukokake kadho natal kanggo para keponakan. Ora lali aku nyuwun ngapura marang ibu maratuwaku kuwi. Tibane ibune Mas Pri mung nggujeng.
“Ora apa – apa kok, Lis. Pri uga crita bab Ninik kuwi. Aja gela dhisik ya,. Yen bocah- bocah keponakanmu sakloron kuwi, sepisan natal iki ora mbokparingi kadho ora apa – apa.gantian. karo maneh bocah – bocah kuwi wis kerep mbokparingi. Sejene ngono wong tuwa wis padha cukup. Kiraku luwih becik diparingake sing pancen mbutuhake. Rak ngono ta, Lis?”
Aku mung bisa setuju karo kersane ibu maratuwa kuwi senajan rada mangkel. Arep apa maneh, wong tibane crita Ninik malah wis tekan ibune Mas Pri.
Esuke, tanggal 24 Desember, Mas Pri teka. Durung nganti rong jam ana ngomah, dheweke wis ngajak aku metu.
“ayo Yang, kadhone diterake sisan wae. Sesuk ben bisa digawe Ninik menyang greja. Ngerti ora, Yang, yen sesuk kuwi dina natal seposanan kanggo Ninik...”
“Dadi...?”
Mas Pri manthuk. Aku enggal njupuk kadho sing wis tak siapake kawit wingi. Sedhela wae aku wong loro wis ninggalake oamh nuju omahe Ninik.
Omah cilik ana njero gang kuwi pranyata tutupan. Katon sepi. Saka katrangane tanggane, Ninik lagi opname ana rumah sakit amarga muntaber. Tanpa mbuwang wektu maneh, Mas Pri ngglandhang tanganku ninggalake papan kono. Lan limalas menit candhake aku wong loro wis nemokake Ninik ana sal rumah sakit. Bocah wadon kuwi katon kuru lan pucet. Nyawang praupane kang alum, tanganku enggal ngelus bathuke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar